Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa
Tresnaku bakal kekal
Kanthi tutuking wanci
Terus berjuang Jawa Tengahku!
396. Pangeurit: Hanifah Hikmawati 00000012
Kusumaning Lemah Kutha Budhaya
Sumringah godhong ijo
Nyawang pungkasaning oro-oro
Kang tumrapet dening lemah abang
Subur makmur sugih pinaringan
Ngewohaké bibit-bibit kabecikan
Budaya kang wangi
Wis nèmplèk dumateng ati
Uga mabur ing pucuké bumi
397. Panggurit: Ilsa Kusuma Wardani 00000087
Budaya ing Jawa Tengah
Provinsi ingkang sanget nyenengaké
Kathah budaya ingkang sampun wonten
Ingkang bisa kita manfaataké
Uga bisa nambah ilmu pengetahuan
Ayo kita lestariake budaya kita
Njaga supaya ora ilang
Uga bisa dikembangaké kanthi saé
Supaya budaya kita tetep ana
249