Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU JAWA TENGAH

Apa ya ana, sing ngomong nganggo tembung
hé’é "ik" ora "og", piyé"jal", guedhiné "pol"
ora ana ta? ya mesthi mung aku
putraning kuthaku

Kuthaku kuwi kutha Atlas
kutha éndah kang mrajaki ati
Entul mentul ngedab-edabi
Kutha cilik kang sumilak mentes
Mandhégani Propinsi Jawa Tengah

Piyé? Kepéncut ora karo kuthaku?
Mulané visit to Semarang
Punjering kutha plesiran
Tugu Muda, Lawang Séwu, Kota Lama, Klenténg Sam Poo Kong,
Simpang Lima, ya mung ana ning Semarang,
kuthaku

Gerdu kempling Semarang Setara
Gemah ripah Ich jinawi
Gumarayah sarjana sujana
Bali ndésa mbangun ndésa
Amemangun mekaring bangsa



5. Panggurit: Abdullah Arif    0000001112

Tholé, Dolana ana Njaba

Tholé... tholé... thalé...
Ana sawijining dina
Crita babagan atma ruju Jawa
Mangsa sumringahing badra
Tedak siti ancik mandhala

"Ya prakanca dolanan ing njaba"

4