Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/268

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Golèt ilmu ingkang taberi
Golèt panguripan ingkang berilmu
Nalika ing pulau Jawa
Janji-janjimu ingkang mulya
Pangarepan-arepku saged kadadi
Pangarep-arepku saged kowé rasani


391. Panggurit: Filemon Benaya Theo 00000534

Jawa Tengah kang Dak Tresnani

Semarang ibukuthané Jawa Tengah
Bisa gawé warga dadi bungah
Masyarakaté ora seneng gawé ulah
 Semarang kutha kang dak tresnani
 Aku dilaraké ing kutha iki
 Kutha Semarang kang asri
 Kutha kang bisa kanggo golék rejeki
Akèh wong kang sregep lan taberi
Mula Jawa Tengah tansah ditresnani
Dadi kutha kang bener-bener ngangeni


392. Panggurit: Yunitasari 00000539

Urip ing Jawa Tengah

Jawa Tengah ingkang tansah handarbéni
Aku urip ing Jawa Tengah iki
Ing Jawa Tengah iki
Kudu tansah èling lan peduli marang manungsa liya
Kudu tansah bebrayan marang liyan

246