Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/267

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

389. Panggurit: Nur Hidayah 00000527

Gurit Para Mudha

Thatah dak pidhak iki ngrembuyung
Saka kabudayané, pawayangé, sarta jejibahané
Mudha-mudhi nggadahi unggah-ungguhing basa
Para manggalaning praja kang prasaja
Kok sawang tlatah kang wiyar iki
Kang nduwèni kahanan èndah èdi
Para mudha sengkuyung marang
Kabudayane......
Tlatah kang arumé sumerbak
Dadi kabanggaan para mudha-mudhi
Arjuna lan Srikandhi wus siap tumindak
Mbangun tlatah Jawa
Kang nduwèni maskot kabudayan saha
Solah bawané
Ndadèkakè tanah Jawa Tengah iki
Tetep raharja
Mudha-mudhi karaharjanan


390. Panggurit: Siti indah Nurfadilah 00000530

Pulau Jawa

Nalika ing pulau Jawa
Setaun lawas anggonku ngenténi
Ngentèni sliramu ing njero dhadha
Ngentèni ilmu ingkang kowé janji-janji
Nalika ing pulau Jawi
Semarang anggonku tuju

Golèt ....

245