Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/266

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

Dak wiwiti saka saiki
jaga budaya, budaya kang
Ora bakal musna tumekaning pati
Budaya tresnaku.......
Tresnaku marang budaya Jawa Tengah
Dak gawa nganti tumekaning pati


387. Panggurit: Saidatul Ulfah 00000517

Tresna Panggonanku

Gemah ripah loh jinawi
Tentrem urip iki nalika semana
Gedung gedhé, pamarintahé wicaksana
Napa manèh rakyaté............
Makmur....... makmur.......
Sing makmur.......


388. Panggurit: Anna Endryana 00000524

Tresna Jawa Tengah

Ing Jawa iki
Akih kabudayan
Kabudayan sing durung awaké dhéwé kenal
Kabudayan sing kudu awaké dhéwe nguri-nguri
Ayo kanca-kanca
Awit saiki awaké dhéwé kudu
Kudu bisa ngenalaken
Kabudayan sing ana ning Jawa Tengah
Awaké dhéwé ugi kudu tresna
Tresna marang Jawa Tengah

244