Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/265

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

Tembang......
Mantènan.....
Ruwatan.....
Mitoni......
Siraman.....
Batik........
Budayaku, Jawa Tengahku
Unggah-ungguh kang luhur
Tata karma kang misuwur
Tresnaku kanggonmu
Atusan budaya becik
Anggawé sugihing bangsa iki
Luhuring budaya
Arumé bangsa
Jawaku,
Ing kéné anggonku gayuh cita-cita
Neguri-uri iku kuwajibanku
Mugi pangéran bakal ngijabahi


386. Panggurit: Putri Rizasya 00000515

Tresnaku Budayaku

Jumangkah sikil iki
Mikir sawetara jroning atiku
Nan ngendi budayaku?
Budaya kang werna-werna rupané
Tresnaku samsaya musna
Tumètès luh ning pipiku
Kaya-kaya ora bisa anggonku mikir
Kudu piyé anggonku nglestarikaké
Budayaku kang samsaya musna

Dak .....

243