Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/264

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


384. Panggurit: Puput Widiyarti 00006508

Bangun Désa

Sumilir angin
Tan ngenani asreping ati
Nalika jaman semana
Adhem, tentrem bumi pertiwi
Nanging apa kuwi saiki isih ana?
Sapa sing maido?
Aku? Ing ndi tentrem kuwi mau
Ing ngendi waé ana kaributan
Para taruna ora ngerti budaya
Ora mudheng tata krama
Ayo bebarengan mbangun désa iki
Kang tetep ngembangaké budaya
Kuwi kang bakal dadi banggané bangsa
Budaya tetep dijaga
Lan bakal ngawujudaké.....,
Bali Désa Bangun Désa


385. Panggurit: Dwinta Septiyani 00000514

Budaya Jawaku

Reog.............
Reog Ponorogo...
Jathilan..........
Barongan........
Wayang.........
Kethoprak........
Tayub........
Beksa......

242