Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/263

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa


382. Panggurit: Kirmaran 0000493

Jati Dhiri

Wis kondhang kaloka ing manca
Panggonané seni budaya Jawa
Wargané guyub rukun setya
Pembangunan saben tahun ana
Jawa Tengah kowéntaré
Kutha kang manéka warna wargané
Wiwit kuli nganti mentri
Wiwit bakul sapi nganti kyai
Wiwit buruh ulur nganti gubernur
Guyub rukun yekti lan nyawiji
Ngugemi apa kang dadijatining dhiri


383. Panggurit; Nur Kholis 00000494

Bothok Teri

Aku dudu kyai sing pinter ngaji
Ananging kadhang-kadhang mung isa nuturi
Aku dudu penyanyi sing pinter nembang
Aku uga dudu dhalang sing iso nglakokaké wayang
 Ananging siji sing kudu mbok ngerténi
Aku laris ing thatar tengah Jawi
Meskiya mung sego jagung bothok teri
Ananging kuwi jati dhiri
Sing dhaérah liya ora nduwèni
 Aku bangga dadi bencah Jawa Tengah
 Sugih budhaya pariwisata lan subasita

241