Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/262

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

380. Panggurit: Novi Nurul Fanditah 00000443

Kanggo Sliramu

Canthing cumanthing ngesti wewarna
Kembang setaman bisa dadi rupa
Jumebrah ana ing sakkabihing kain wuta
Lan tumerap ana sakwijining raga

Sapa waé padha tepa salira
Sakkabehing raga kacucur

Ananing sliramu ora kudu cidra
Yén tuturku tumerep bahasa Landa
Sliramu kudu mangertèni
Ragaku tetepi mangèsti

Sapa kang bakal jumunjunging
Marang jumunjungin asrimu


381. Panggurit: Adhi Azhar Arrasyid 00000479

Makmur Rakyatku

Nyawang bumiku katon
Kalbu rasané tresna
Wolulas taun urip ning Jawa
Ora tau krungu rakyaté sengsara
 Rakyaté makmur amarga sregep
 Ara tau mbangkang marang wong tua
 Kabeh uripé dilakoni ana ing Jawa
 Saklawasé makmur rakyaté Jawaku

240