Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/261

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

Uga dadi sumbering golék sandhang pangan
Dadi siji ngumpul
Ana tanah kang gawé gumregeting ati iki
Lan gawé bombonging ati
Uga tansah tresna marang Jawa Tengahku


379. Panggurit; Dyah Ayu Setianingsih 00000439

Semarang Oh Semarang

Asemé arang-arang
Asem, asem, asem
Buri omahku kaé ya asem
Ora asem kaé nduk.........
Terus apa?
 Semarang.......
 Asemé arang-arang
Kutha budaya
Adipati kang kondhang asmané
Ki Ageng pandanaran
Kutha subur agawé makmur
Raga iki duwéni, ora lali
Tresna, baktiku
Ora bakal musna ora bakal ngilang
Mung kanggo sliramu
nganti tekané pati
Semarang, Oh Semarang

239