Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

Kuthaku, Jawa Tengah
Wargané urip ayem, tentrem, kerta raharja
Guyup rukun kang agawé santosa
Buminé gemah ripah loh jinawi
Kabèh iku anjalari agunging ibu pertiwi
Atiku bungah lan sumringah
Urip ing wewengkon Jawa Tengah
Suka renaning atiku
Karana mapan ing sajroning pangkonmu
Kuthaku, Jawa Tengah
Aku tresna marang kowé
Tresnaku kanggo selawasé
Ing kalbu tuwuh sedyaku,
Prasetya arsa ngreksa sliramu
Kuthaku.........
Aku ora bakal cidra
Semaya, apa manèh mbaléla
Niat kalbu bakal miturut satuhu
Nuhoni dharmaning satriya nglabuhi sliramu
Yo, prakanca, pramudha, prawarga Nusantara
Ayo gumregah padha njaga, ngreksa, lan ngusada
Karesikan, katertiban, katentreman, lan keamanan
Kanggo undhaking kaéndahan lan moncèring kahanan
Amrih bisa narik kawigatèné para wisatawan



4. Panggurit: Ita Nur Arifiyah    000000117

Kuthaku

Kutha endi sing panèn lumpia, bandeng présto,
wingko babat, wédang tahu, roti ganjel rél,
ora liya mesthiné ya kuthaku
kutha Semarang

Apa...3