Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Tlatah Jawa Tengah iki kaya Dewi Sinta
Sejatiné Jawa Tengah iku sugih kabudayan
Éndahing beksa, paraga wayang lan tembang
Para panganggit lan sastrawan uga mèlu duwé pesona
Tresnaku kang satuhu
Iku amung kanggo Jawa Tengahku
Apa waé bakal dak jaga
Nadyan urung bisa sempurna
Ingsun percaya manawa Gusti bakal paring kanugrahan
Marang apa kang dadi impèn Jawa Tengah.



3. Panggurit: Sunarsih    00000055

Kuthaku

Éndahing kahanan agawé kasemseming ati
Wit-witan lan gegodhongan katon ijo royo-royo
Gunung-gunung lan samodra kadya baris jèjèr-jèjèr
Yèn sinawang katon éndah, asri lan èdipèni
Kuthaku, Jawa Tengah
Akèh seni kerajinan, kulinèr, budaya, lan papan wisata
Kang narik kawigatèné para wisatawan mancanegara
Akèh bécak, andhong, bis, mikrolèt, lan uga kréta
Kang siap ngeteraké wisatawan plesir lan blanja
Kuthaku........
Akèh papan wisata kang siap nglipur
Tyas sing duhkita lan uga nglantur
Lawang Séwu, Prambanan, lan Borobudur
Tinggalané sejarah kang nyata-nyata misuwur
Bandeng Présto, Lumpia, Wingko Babat saka Semarang
Jenang Kudus, gudheg Jogja, lan gethuk saka Magelang
Kabèh iku sawernaning panganan kang regané ora larang
Kanggo olèh-olèh kulawarga kang banget disayang

2