Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/248

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Jaréné wong Jawa ilang jawané
Pancèn bener sing dikandakaké
Kabudayan wis luntur
Wis diwènter karo kabudayan manca
Pancèn kéné ora isa nolak
Nanging aja blas ditinggalaké
   Saiki kudu dhudhuk, dhudhah kabudayan
   Sing wis kependhem jero
   Ben isa dadi Jawa Dwipa


355. Panggurit: Khadlirin 00000311

Ora Nyana

Babating menungsa
Ning tanah Jawa
Kuasa maringi raharja
Royo-reyo ijo blantara
   Agungipun budaya lan basa
Tumindak murka
Luput salah guna ilmu
Kedadén nesu kuasa Pencipta
Jo kelakon
   Jo kelakon
Jo kelakon
Paringké pundi asma kita
Anak kita lan cucu kita mirsani

226