Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/249

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

356. Panggurit: Dinar Tria Ardhani 00000315

Slamet Riyadi ing Wayah Wengi

Dina kepungkur aku mulih ing kuthaku
Rasa kangen ngebaki atiku
Kepèngin énggal-énggal tekan omah
Ketemu bapak ibu uga sadulurku
Wayah wengi aku mlaku ing ratan gedhé
   Ratan Slamet Riyadi kang dadi andalanku
   Tiyang Semaranginsueom
   Gawé gumun lan kagéting atiku
Ora nyana ara ngira
Kutha Semarang ara bedha rina lan wengi
Padhang njingglang
Lampu kencar-kencar
Ramé motor lan wong dodol
Kuthaku.......ya kuthaku
Gawé krenggasan pameéring atiku


357. Panggurit: Ika Ayu Rahmawati 00000322

Jawa Tengah

Kabudayan kang èndah
Misuwur ing nuswantara
Ugi ing tlatah manca
Manéka werna tradhisi
Saka saben tlatah ing Jawa Tengah
Tresnaku marang kebudayan lan tradhisi
Minangka manungsa Jawa kang sejati
   Remen anggonku nyinau
   Bisa nglestarikaké kang ana

Kang...

227