Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/247

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa


353. Panggurit: Antika Wihandini 00000266

Jaman Saiki
Akeh wong padha sembrono marang daerahé
Wani ngécé ugi marang propinsiné
Ananging aku ora gelem dadi wong sing ora bener marang daérah
lairé

Tutur lan ucapané kudu dijaga
Èndah budaya lan tradhisiné ugi kudu dilestarikaké
Nanping akèh wong padha ngrusak sakabèhané, mula
Genggem tangan tengen lan ayo omong......
Aku tresna marang Jawa Tengah...
Hidup Jawa Tengah


354. Panggurit: Dwi Nur Zailani 00000293

Kebudayan Jawa Wis Kowéntar
Kenapa wong Jawa wis ilang martabaté
Wis ora ngerti papan dunungé
Ora tresna marang tanah kelairané
Arep digawa tekan endi?
   Budi pekerti, tata karma, kabudayan
Wis padha ora ngerti?
Sapa sing kudu diwènèhi ngerti?
Aku ora ngerti
Kowé ora ngerti
Padha ora ngerti
Sing salah sapa?
Apa perlu kandha!

Jaréné...

225