Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/246

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

352. Panggurit: Ana Nugrahaini lzzati 00000240

Dandaning Jawa Tengah

Kabèh gumegrah
Tata tatanan kang wis tumata
Cilik, pangarsa, mèlu ngrengkuh sakabéhé
Siji-siji katata èndah
Dalan, dandan dandan
Kana kéné kagambar èndah
Sumebar sekar-sekar gandha arum
Ijo royo-royo katon asri
Lènggoking awak, runtut, èndah, nancep driya
Kroncong nentremaké ati
Tembang Jawa lestari
Budaya jawa lestari
Budaya sumembar sakupenging Jawa Tengah
Bali désa bangun désa
Jumbuh kang kalakoni saiki
2013.........
Jawa Tengah duwé gawé
Jumedhuling bagaskara
Tansah dianti-anti
Magawé, magawé, magawé
2013 wis anguk-anguk
Mlayu rana mlayu réné
Kabèh wis cumepak
Gancaring gawé kang utama

224