Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/245

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

350. Panggurit: Siti Ernalis 00000281

Tresna Jawi Tengah


Senajan ragaku tumancep ana ing gemerlapé kutha
Senajan rejekiku ngunduh ana ing sawijining tanah kayangan
Senajan triliyunan duwit dadi pangarep-arep
  Muncraté kringet nganti dadi getih
  Atosé balung dadi bubur
  Nanging katresnaku karo tlatah Jawi
  Ora bakal kedah luntur
Gemrecik banyu sing mundhun saka talang
Ngelingaken rasa pait sing kepangan jaman
Thatah Jawi dadi saksi uripku jaman semana


351. Panggurit: Wiji Asih Suryani P. 00000288

Jawi Tengah kang Èndah lan Asti


Muncraté kringet nganti dadi getih
Atosé balung remuk dadi bubur
Nanging karesnaku karo tlatah Jawi
Ora bakal kedah luntur
Padangé senthir ngawiwit ngentosi njebulé rembulan
Gemericik banyu sing mudhun saka tlatah
Ngelingaken rasa pait sing kepangan jaman
Tlatah jawi dadi saksi uripku jaman semana
Negawiwit bayi nganti saiki
Aku ora bakal mblenjani tlatah Jawi
Sing èndah lan asri iki

223