Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

1. Panggurit: Fera Musthika    000000244

Kepodhang Kembang Kanthil

Kepodhang
Wulumu kuning sleret ireng merbawani
Mlangking reksa kanthil nyenengaké
Kanthil
Pethetan tamansari gawé asri
Klangenan sagung pawestri
Lamun
Kembange mekar ambabar ganda arum
Kepodhang aruming kembang kanthil
Gawanen mabur sinambi ngidung pawarta endah
Dimen
Wutah getihku saya kuncara
Ing nuswantara lumeber mancanegara
Jumbuh
Kekudangane nara praja lan kawula
Pamrihe muga tansah lestaria
Manjing jiwa raga

2. Panggurit: Tutut Septiani    000000228

Jawa Tengahku

Iki geguritan kanggo Jawa Tengahku
Kang dak tulis linambaran Sandi asma
Tumuju marang karaharjan iku kang dadi tujuwané
Urip mulya, ayom ayem tentrem kang dak karepké
Tanpa pepalang tanpa rerindhu
Upama arep dak gambaraké

Tlatah.....1