Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/239

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

339. Panggurit: Devika Herfianingtyas 00000373

Segara Isih Kebak Uyah

“Apa segarané wis asat nggèr?”
Kalakonana siji saka siji
Banyu-banyu kaya —kaya ora katon manèh
Numuju marang sesambetan kadonyan

Saka kéné
Mung kethok blawur
Siji apa lero ya?
Obah-obah marani asruping bagaskara

Nanging isth katon padha
Prau-prau isih padha
Aku isih nganchel
Menawa batin numindak becik
“Nggèr, sésuk isuk segara isih sugih uyah”


340. Panggurit: Pradnya Paramita Hapsari 00000368

Udan

Udan rintik-rintik
Nelesi lemah tanah Jawa
Jawa kang makmur lan sentosa
Para tani suka cita
Nyambut tumètèsing banyu udan
Sawah-sawah ijo royo-royo
Udan.......
Tekamu marakaké tentreming ati
Para tani


217