Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/240

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

341. Panggurit: Dyah Agustyaningrum 00000627

Jawa Tengah Asri

Pucuk wétan nganti pucuk kulen
Èndah ing paningalan
Éco ing pangrasan
Wit-witan urip subur
Tirta bening mili ing kali-kali
Kemricik-kemricik tansah gawé ayem ati
Poros saka tanah Jawa iki
Jawa Tengah tetenger saka Jawa
Kenthel saka budaya
Tuntunan pirang-pirang kutha
Werna-werni warna mapan ing kutha
Padhang gumebyar
Ayem tentrem èdipèni
Jawa Tengah kang asri


342. Panggurit: Siti Nur Ist’adah 00000624

Budaya

Aku tresna Jawa Tengah
Jenengmu terkenal ing ngendi-ngendi
Budayamu sangsaya maju
Akèh priya, wanita kang padha nguri-nguri budayamu
   O Jawa Tengah
   Aku tresna marang tradhisimu
   Santun, tulus budi luhurmu
   Ngilmumu mupangati kanggo bebrayan

Pancèn sing gegayutan kare Jawa Tengah

218