Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/238

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

Punjering budaya tlatah Jawa
 Ana Borobudur
Ana Prambanan
Ana Wayang
Ana gamelan
Ana batik
Ana ana waé karyané
Asiling cipta, rasa, lan karsa
Saka masyarakaté
Dening masyarakaté
Tumrap masyarakaté
 Adiluhung masyarakaté
 Adiluhung budayané


338. Panggurit: M. Mustain 00000383

Kuthaku

Aja ngaku wong tanah Jawi
Yèn ora tau nguri-uri
Jaré wong Jawi
Kudu ngabekti marang Gusti
Waskita lan wicaksana
Nanging apa sliramu wis ngana kuwi
Ayo para kanca padha nguri-uri
Kabudayan tanah Jawi iki
Sing kudu mbok tresnani
Narusaké perjuangan para pahlawan
Ing tanah Semarang iki

216