Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/237

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

Gumregah jiwa raga ingsun
Awit weruh èndhing sliramu
Hayo padha hamemuji mring Gusti kang Maha Suci


336. Panggurit: Ady Setyono 00600231

Alun-alun Kutha Semarang

Sawijiné dina
Aku ngentèni sliramu ana kutha Semarang
Ana ing bunderan Simpang Lima
Aku jagong

Swara wong dodolan
Padha saut-sautan
Para pemudha-pemudhi padha bebungah
Aku bingun sliramu durung teka
Timbang aku nglangut
Aku bayangaké kaéndahan ing alun-alun iki

Simpang Lima,
Kutha Semarang kuthané wong Semarang
Aku tresna karo Jawa Tengah


337. Panggurit: Zakiyah Laily 00000219

Jawa Tengah

Jawa mapan ing tengah
Ya Jawa Tengah

Punjering....

215