Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/236

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

Yèn isa mangerti
 Kanthi tumindak ngati-ati
 Ayo para mudha pacha nguri-uri
 Lan dunga marang Gusti
Supaya ora ilang kabudayan
Ing jaman globalisasi


334. Panggurit: Widia Pangestika 00000193

Kaèndahan Jawa Tengah

Pepohonan kang dhuwur-dhuwur
Kanggo mageri kotoran
Sang surya ménéhi kaalusané
Udara ésuk nambahi kaéndahané
 Tanduran kang akéh ménéhi macem-macem warna
Suwasana mbengi
Kang akèh lampu nambahi kaendahané


335. Panggurit: Endah Nurmawati Mahanani 00000204

Tansah Èndah Sinawang

Jejeran ing pulo Jawa
Akéh budaya kang nengsemaké
Wayah ésuk, awan, soré, lan wengi tansah regeng
Agawé santosa mring sapadha-padha

Tansah èndah, édi sinawang
Eling kabèh iki duwèkmu !
Nadyan durung sampurna, awaké dhéwé wajib handarbéni iya
mélu hangrungkebi

214