Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/232

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

326. Panggurit: Meydita Nirmala Putri 00000164

Tanah Jawi

Apa kowé krungu kidung kaé
Kidung Jawa kang gawé atiku gedhé
Ning nelangsa........
 Simbah dhisik crita
 Tanahku tanah Jawa
 Kang tansah ana ing atiku
 Subur, makmur, gemah ripah loh jinawi
 Andhap asor tapi apa kuwi kabéh isih ana
Jaré simbah tanah Jawa sugih budaya
adat istiadat kang béda kuwi
kabéh kudu di uri-uri.......
Tanah Jawaku kang daktresnani


327. Panggurit: Zakaria Ansori 00000168

Dalan Pahlawan

Panggonanmu ana ing ngarep gedhung Gubernur
Panggonanmu ana ing tengah kutha
Panggonanmu resik
Panggonanmu énak gawé jagongan
 Ték bengi ramé sanget
 Akéh pernudha padha jagong
 Wong-wong padha bebarengan delok balapan
 Rasané ora pengin ninggalaké kana

210