Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/231

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa


Jawa Tengah.........élokipun yén nuju rena penggalih
Jawa Tengah.........Amadhangi sakéndhenging jagat raya
Jawa Tengah.........joning sawah agawé manteping ati
Wewangunan ngadeg katon magrong-magrong
Ana ing pucuk kutha provinsi iki
Manuk kepodhang dhandhang kekitrang wayzh soré
Ing sak tengahing sawah lan pategalan bawéra
Sing dadi pangeling-éling


325. Panggurit: Raudhatui Munawaroh 00000163

Tanah Jawi

Bungah kang ana ing ati
Sudra tanpa bisa nyanding
Lemah kang dadi wewarisan luhur
Nganti mati aku lila mbelani
Tan bisa mundur
Bakal setya tuhu
Njejeg siti Jawi
Kang dadi tresnaning ati
Wiwit lair nganti mati
Mulai lingsir wengi nganti sirnaning soré
Amung lam-lamen éndhahing papan Jawi iki
 Duh Gusti senadyan aku iki sudra
 Nanging pengabdianku tetep kumantir
 Ana ing Jawi
 Pambudi luhur marang sesangan anggonku ngadeg

209