Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/233

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

328. Panggurit: Pradita Shinta Dewi 00000143

Krelaping Jawa Tengah

Lintang kemukus kang sumunar
Tan bisa ngéwahi rasa
Nalikaning raga kagawa aruming puspita
Tumuju sasana éndah salebeting praja
Praja kang kebak tata karma
Budaya kang kajujung kumawa
Uga basa kang manéka warna
 Dhuh Gusti
Dina iki dadi seksi
Budaya lan tata karma dadi jati dhiri
Kesenian uga tradhisi kaya déné rukmi
Tansah dak uri-uri tumekaning pati
Kanggo luhuring Jawa Tengah iki


329. Panggurit: Meilina Kryaningtyas 00000142

Jawaku, Jawa Tengah

Ing raga iki
Katandur rasa tresna
Tresnaku marang budayaku
 Atiku nggrentes
 Luh tumétés
 Iku kabéh
Merga aku bangga
Bangga duwéni Jawa Tengahku
Borobudur, Dieng
Bengawan Solo

Sindaro,.....

211