Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/230

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH


Ing kéné aku dilairaké
Ing kéné aku urip
Oh.......Propinsiku
Jawa Tengah sing paling aku tresnani


323. Panggurit: Lilis Anggraini 00000161

Tanah Kelairanku


Jawa Tengah kutha kelairanku
Jawa Tengha papan pangabdianku
Alamé kang éndah ora kalah karo papan ing manca nagari
Sumringah nyenengaké lan gawé tentremé ati
Nduwé sejarah lan paninggalan budaya kang pinunjul
Kudu dilestarikaké kanggo generasi sapituruté
Supaya padha ngerti unggah-ungguh lan subasita
Kanggo bénténg ing jaman kang sangsaya kinarwuta
Mila ayo pacha tansah manghayubagya
Bareng-bareng nguri-uri budaya Jawa
Pinuju Jawa Tengah kang nduwéni budi pakarti kang linuwih
Sumrambah bangsa Indonesia kang santosa


324. Panggurit: Ade Punthi Ciptariana 00000162

Cahyaning Jawa Tengah

Kemricik swara padhu padhan grimis
Nuwun séwu kula badhé numpang aksis
Ngakit gatra-gatra éndah ing dluwang tipis
Lumantar reroncéning ukara sing dak tulis
{{gap}Jawa Tengah.......... Prasetya ulah bhakti praja

208