Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/217

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Kasilé bumi Jawa iki
Kanggo kabèh rakyaté
Ora bisa dak lalèkaké
Ora bisa dak tinggalaké
Kadung tresna marang sliramu
Kadang édan marang sliramu
Dhuh.......dhuh..,.Jawa Tengahbku
Jawa Tengah kang dad: getihku
Jawa Tengah kang dadi ragaku


299. Panggurit: Diyan Tristanti 00000525

Katresnan

Krelap-kerlip lampu ing tengah kutha
Kang tak sawang ing tlatah Jawa
Kaya lintang kang gumebyar ing wayah wengi
Sangsaya gawé tentrem ing ati
   Lemah kang subur dadèkaké mulya
   Muga ora gawé warga urip rekasa
   Katresnan kang tak rasa
   Luwih sangsaya ngrembaka
Marang sliramu.........
Tanah Jawa.......


300. Panggurit: Nur Yulita Khasanah 00000526

Kaèndahanmu

Ning tlatah kéné aku urip
Tlatah sing èndah sesawangané
Kabudayané lan solah bawané

Ana....

195