Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/216

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Winih-winih sing nukulaké wisa wis kurang...
Wong-wong mulai mikir sandang pangan
Padha grubyuk mbatik...........
Kanggo nglestarikaké budaya bangsa Indonesia
Aku bangga nganggo klambi batik
Duh Gusti, pinaringana teguh rahayu bangsa Indonesia


297. Panggurit: Siti Nurjanah 0000503

Tresna Jawa Tengah

Angin kang sumilir
Ngadhemi ati lan angrusuk jiwa
Kanthi nahan panasé surya
Ing panganmu aku ngabdi
Golèt ngelmu....
Tanpa lèrèn awakku nalika mlaku
Ora peduli lawasé wektu
Kanggo anggayuh pinuju kang becik
Kayaha wulan kang lumaku
Madhangi bumi......
Jawa Tengah......
Anggonku ngabdi ngelmu........


298. Panggurit: Erika Ratna Setiyandini 00000516

Jawa Tengah Dadi Ragaku

Semarang kayata emas
Jawa Tengah kayata berlian
Apik tan saya apik
Gedhé luhung perkasa
Budaya lan kahanané


194