Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/218

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Ana wayang lan batik kang dadi cirri khasé
Borobudur kang dadi paninggalan saka jaman sakwetara
Duwèni sejarah sarta crita kang luhur
Ning tlatah kéné, tlatah kang dak pidhak
Kabanggan kita sedaya


301. Panggurit: Mutiadevi Laili F. 00000529

Karimunjawa

Sumilir ing banyu
Prasasat-prasasat nggawa tentrem ing ati
Gemriciké ombak krasa nggawa senengé alam pikiranku
Karimunjawa...........
   Ya mung Karimunjawa
   Papan wisata kang èndah
   Ya mung Karimunjawa
   Papan wisata kang ora bisa tak lalèkaké


302. Panggurit: Budi Setiawan 00000533

Wong Cilik

Urip kok kayak mengkéné
Tak rasak-rasakaké rasané sangsaya nelangsa
Tak ibarataké awakuy ora ana lèrèné
Mung saben dina, namung kerja-kerja lan kerja
   Ning jaré urip iku ibarat namung mampir ngombé
   Ning kusunyatané kok ya mengkana
Awit aku cilik, nganti gedhé ora ana bèdané
Ngalor, ngidul, ngéntan, ngulon ora tau bisa mulya
Namung bisa kerja dadi wong tani cilik
Saben panènan ngundhu rega-rega mesti mudhun


196