Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/206

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

278. Panggurit: Feri Hariyanto 0000342

Swasananing Ati

Seni, ramé, susah, seneng, kabèh iku isining ati
Tapi sing slalu betah niku rasa sepi
Amarang sepi kanca sing abadi


279. Panggurit: Sri Agung H. 0000347

Tresna

Ning panggonan kéné
Rak ana sing luwih tak tresnani
Kecuali kali sing dawa, sumilir ing ati

Ning panggonan kéné
Luwih énak ketimbang panas ing bumi timur
Ning tengah sing ijo royo-royo

Ning panggon kéné
Rak sing isa ngleremaké ati
Kecuali bibit-bibit katresnan sing sejati

Yaiku sliramu sing nduwé podhang
Lan sugih anggrék ing tamanmu

184