Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/207

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

280. Panggurit: Kartika Fajar Pratiasi 00000356

Kuthaku Nangis

Swara gumricik grimis iki
Nandai udan
Udan ning halamanku
Nangis.....
Kuthaku nangis
Senadyan aku ra lila
Kabudayanku ilang
Mung ra ana sing préduli
Ra ana rasa katresnan
Kebudayan ilang
Ilang.....!


281. Panggurit: Agung Dwi Cahyono 00000359
Kuthané Semar

Sumilir angin samudra
Èndahing kunang kutha
Nresep lumantar mripat kiwa
Iku wujudé atlas sakpunika
   Jangkrik ngerik
   Katon resik
   Pitik angkrem
   Katon tentrem
Mugi nganti bésuk
Tansah ayem
Tan ana swara
Swara pating klerem
   Isi jagung tiba dadi suwarga

Iku....

185