Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/205

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

276. Pangegurit: Diana Lestari 00000335

Tresna

Ketingalipun gampil lan prasaja nanging sapa kang bisa nglakoni
Kanti tenan
Santosa ajeg setya anggoné nanggulangi tumindak ala
Kanti budidayakaké budaya kang wis ana
Dadiya siji, ora mung sawiji
Kanti isa nyetarakaké kang béda lan sulaya
Pancèn boten gampil kados mbalèkaké ana kang énténg
Cinta, tresna, welas asih iku dadiya piranti
Piranti kang ora bakal bisa tures
Aku tresna Jawa Tengah.


277. Panggurit: Dwi Fitriana 00000337

Wayang

Bingung.......
Lampu-lampu tansah abyor
Mrana-mrené tansah ramé
Wira-wiri aku ngati-ati
Yèn tak tliti
Lirih aku mlaku
Tengah kutha sing tak tuju
Swara-swara tambah seru
Wira-wiri padha mlaku
Mripatku tumuju ing kana
Wayang gumebyar ing kutha


183