Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/204

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

274. Panggurit: Aning Mintarsih 00000327

Budaya Jawa Tengah

Kutha kang gedhé
Kutha kang akèh budaya Jawa
Kutha kang bisa nguri-uri budaya Jawa
Budaya kang bisa gawé tuladha
  Pancèn Jawa Tengah kutha tauladan
  Kutha kang bisa gawé èndah
Kutha kang bisa gawé tentrem
Lan kutha kang bisa ndadékaké katresnanan rakyat Jawa
Tengah......


275. Panggurit: Widyanvari Eko Putra 00000330

Aku Tresna marang Bibit Waluyo

Aku tresna marang Bibit Waluyo
Ora mung merga slogané sing gumebyar
Ora uga jabatané dadi gubernur
Nanging, amarga pangabdiané kanggo Jawa Tengah

Aku tresna marang Bibit Waluyo
Ora mung merga pasuryan kang garang
Ora uga kumis klimis lan nécis
Slirané penyebar semnangat, tresna jawané

Aku tresna marang Bibit Waluyo
Ora sebates hurmat lan abdi rakyat
Ora uga, pamrih lan dalih
Jawa Tengah urip maju lan terus makarya
Ora liya merga jasané........

182