Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/203

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa


Akèh manungsa kang miwiti lakuné
Sumebar golèk sanggané urip
Iki.....iki...papané
Papan kang nyengkuyung
Guyub rukun kanti reruntungan
Ora crah ora bubrah
o.....iki
iki kang dak karepaké
papan kang dadi tumindaking laku
papan kang jembar
kebak dening kautaman
tansah dak betèni
kanti tumekaning pati
papanku........
Jawa Tengah
Iku kang dadi prasetyaning janji


273. Panggurit: Indah Fajaryanti 00000326

Jawa Tengah

Jawa Tengah......
Ana ing sisih tengah Jawa
Akèh wong kang manggoni
Kabèh pada bebarengan sayuk rukun
 Budayané akèh tur werna-werna
 Mula kudu dijaga lan ditata
Aja nganti ana bangsa liya
Kang arep njupuk budaya Jawa
Rasa tresna muncul saka ati iki
Kepèngèn sinau lan nguri-uri
Jiwa lan raga dadi siji
Yén kélingan budaya Jawa Tengah iki.....

181