Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/202

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH
da
Kudu Bisa
ma
ta
Yen bisa
ga
sa
Bakal tresna
ba
wa
Yen tresna
tha
la
Bakal kulina
nga
Jawa Tengah ku



271. Panggurit: Cindy Aryanti 00000323

Jawa Kélangan Nyawa

Esuk ngésuk nalika surya katon sumunar
Esuk ngésuk nalika wus ora udan riwis-riwis
Anggonku takon ana langit ing dunya
Sapa kang nggaweé carita nalika wengi ?
Sapa kang mancepké urip ana dunya iki ?
Jawa........
Batin panguripanku
Batin kang dadi pepèling ati
Jawa........
Napak tilasi ati, kanggo mati lan nguripi
Panjalukku dadi jlumlerit ana jagad
Yèn jagad iki bakal dadi impi
Duh Gusti......!!!
Apa iki kang diarani Jawa kélangan nyawa



272. Panggurit: Evi Lutfiyant 00000324

Papan Iki

Daksawang bagaskara kaé wus katon sumunar
Mandengi ing sakiwa tengené papan iki

180