Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/198

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

 Tlatah kang ayem tentrem loh jinawi
Ijo reyo-royo tetandurané
Mili bening irigasiné
Suméh sumringah bebrayané
Jawi Tengah
Tlatah kang kebak manéka warna budaya
Gambyong, jathilan, wayang golék
Budaya kang misuwur ing tlatah iki
Jawi Tengah oh..........Jawi Tengah


265. Panggurit: Hanifa Lita H. 00000267

Manéka Wisata

Jawa Tengah nyata sugih budaya
Dasar alamé kang asri ngresepaké ati
 Ana Borobudur kang agung, Prambanan kang kaloka
 Bathik gawé gégéring dunya busana
 Karimunjawa prawan nembé mekar
 Lawang Séwu wus kowétar
 Curug Séwu dadi jujugan wisata
Wong manca padha kayungyun alam Jawa
Amarga pantes dadi tamba ati kang lara
Jawa Tengah kang Reja

Nalika ngambara, ngubengi Jawa
Désa katon reja
Kawula tan ana kang kuciwa
Samarga-marga rerenggan manéka warna
Gawé reseping nala
Pancén Jawa Tengah tlatah kang dadi gantélaning ati

Kapan aku bisa mélu udu mangun désa
Minangka tandha bhekti marang wutah ludira

176