Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/199

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa


266. Panggurit: Via Oktaviani 00000268

Pancèn kuwi Aku

Kaya rereged kang matumpuk
Tumpuk ora ana ajiné
Kaya godhang garing aking
Kang nunggu diunculake angina
Kaya gambang kang wis ora arum gandané
Pancén kuwi aku ....
Kabeh wis ora katon éndah Jan ngela-elami
Nalika wengi iku aku kudu mlaku ndéwé
Mlaku tanpa kenya kang tau
Dadi pamecuting uripku
Kang mbiyén tansah ménthi
Pangarep-arep
 Raga kang nistha iki kegawa
 Angin sakparan-paran
 Nunduhaké papan-papan kang
Dadi pepéling


267. Panggurit: Wahyu Dewi Ardriyani 00000283

Jateng Asri

Jateng provinsi kebanggaanku
Provinsi tempat, papan, panggonan
Aku dilairaké
Semarang.......pusat pemerintahané
Kutha cilik sing dak tresnani
Asri, adhem, ayem, tentrem kuthaku
 Akeh wong kang nggantungaké

Gegayutan....

177