Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/197

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

Kampung pusaka sing paling kaya
Kaéndahané Jawi Tengah


263. Panggurit: Fitriani Istiqomah 00000242

Raharjaning Jawa Tengah

Sejarah tinepak-tepak nilar
Wewengkon sugih ing budaya
Hindu-Budha kang dadi panutané
Sanajan diuyak dening budaya manca
Ananging budaya dhéwé tetep kuncara

Sijé blaka siji pralambang dak oncéki
Kundi amerta kang duwéni segi ana lima
Iya......pangiloning Pancasila
Borobudur dadi idéntitasé
Ardi kembar kang dadi panyengkuyung rakyat lan pamarintah
Pring lanci nggambaraké perjuangan tanpa winates

Kanti sesanti “Prasetya Ulah Sakti Bhakti Praja”
Tumuju Jawa Tengah kang raharja
Roh mulyaning Jawa Tengah
Gemah ripah loh jinawi


264. Panggurit: Asri Rahayu 00000243

Jawi Tengahku
Jawi Tengah
Tlatah kang mapan ing bumi pertiwi iki
Jawi Tengah

Tlatah.....

175