Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/187

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

Ragaku kaya kèlingan aku asliné saka endi
 Ngerantau adoh saka omah lan kaluwarga
 Kangen karo kaèndahanmu
 Budaya ingkang werma-werni
Kaèndahanmu ingkang asri
Ora bakal ilang saka ati lan pikiranku salawasé
Budayaku Jawa Tengahku.............


244. Panggurit: Lia Ariyani 00000626

Tresna Jawa

Rasa-rasa lan rasa tresna
Ati iki duwéni rasa kanggo sliramu
Sliramu Jawa Tengahku
Duh Jawa Tengahku
 Sliramu tansah ana ing atiku
 Budayamu, tradhisimu, lan liyané
 Uga dadi tresnaku
Tanah Jawa tanah anggoné urip iki
Tanah subut tanah Jawa
Wit-wit ijo, laut kang luas
Dadèkaké tanah Jawa iki èndah lan asri
Jawa Tengahku sliramu ana ing ati iki salawasé


245. Panggurit: Dyah Titisari 00000623

Tlatah Jawa Tengah
Langit katon sumringah
Angin pating semribit

Kaya ta....

165