Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/188

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


Kaya ta manah iki marang Jawa Tengah
Tumekaning Jawa Tengah
Ingkang satuhu lan éndah
Jo wani-wani ngina
Aku bakal béla bangsaku
Bangsa Jawa Tengah
Gumebyar ing tlatahku
Tlatah Jawa Tengah


246. Panggurit: Ana Suryaning Wulan 00000618

Tanah Jawa

Tanah kelairan
Sing manggon ing tengah-tengah
Tamané budaya
Akeh peninggalan kuna
Musium, gedhong-gedhong,
lan bangunan,
sing bisa digawé éndahing budaya Jawa
 Aku bungah
 Tanah Jawa kang kebak werna
 Gawe bungahé para sutrisna mudha
 Bisa makarya lumantar cita-cita

166