Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/186

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


241. Panggurit: Christien Sabatina 00000633

Grobogan Jawa Tengah

Aku urip ing Kabupaten Grobogan
Kutha pinggiran kang ana ing Jawa Tengah
Kang bisa dadi peprénah
Jawa Tengah .........
Provinsi kang bisa dadi panutan
Ing sapinggiré kutha métropolitan


242. Panggurit: Vita Irma Sofia 00000632

Kuthaku Jepara

Jepara.............
Manggon ing tlatah Jawa
Ayem tentrem ing pinggir segara
Kutha cilik kang mangayubagya
 Wit-witan ing pinggir segara
 Ngawé-awé méh ngajak mampir
Jepara.........
Wisatamu nggawé ati iki
Ora bakal lali
Endah ning semaké ati



243. Panggurit: Nur Fuji Purwati 00000630

Jawa Tengahku

Sumilir angin ora kaya biasané
Isuk iki aku namung péngén ngélingi tanah lairanku

164