Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/185

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa


239. Panggurit: Ria Setyaningrum 00060640

Kaloka Kuthaku

Sumiliré angin wengi lan isuk iki
Gumricik banyu mili
Tetanduran kang ija reyo-royo
Nandhakaké suburé tanah Jawa
 Dhuh, Semarang
 Kang dadi jejegé Jawa Tengah
 Bloké kanggo sesawangan
 Majua Semarang Jawa Tengah


240. Panggurit: Ahmad Bustanul Husen 00000639

Urip

Dalanmu dawa
Gunungmu dhuwur
Alasmu ijo
WNadyan aku ora ana bandha
Nadyan aku durung bisa makmur
Nanging merga
Dalanmu dawa
Gunungmu dhawur
Alasmu ijo
Aku bisa urip
Ana lemah iki
Lemah Jawa sing tak tresnani

163