Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/184

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


237. Panggurit: Ida Ristianti 00000642

Jawa Tengah Penginspirasi

Ing corétan tinta niki
Tertulisake idé ing benak
Terkuak ing jeroné ati niki
Ing gerangan swara kang merdu
 Kawan-kawan sumberé idé
 Inspirasi ing lakon Jawa Tengah
Lakon kang élok lan nyenengaké
Kang wénéhi inspirasi kados jiwa mudha niki


238. Panggurit: Rizki Ajeng Pradina 00000641

Kutha Semarang

Rina wengi tansah ngélingaké
Kutha kang dadi saksi
Saksi dedalané pagesangan iki
Panggonanku kanggo golék ilmu
Ing provinsi Jawa Tengah iki
Ing kutha Semarang iki
Endahing kahanan kutha iki
Dadékaké katentreman jiwa
Nanging siji kang ora mbetati
Panasé gawé gerah awakku

162