Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/183

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa


235. Panggurit: Indhawati Setyaningsih 00000645

Èndahing Jawi Tengah

Seiring mlakuné sikil iki
Sakadohé asa iki aku rajut
Keunikanmu tetep dadi primadona
Ciri khas ora bakal ana gantiné
Ning endi waé aku ngadeg
Budayamu tetep dadi pedomanku
Ing saben tutur kataku
Basamu sing bisa nyejukaké aku
Budayamu.....
Dadi penyejuk ning atiku
 Ikulah basaku
Ikulah budayaku
Jawi Tengah


236. Panggurit: Nurlailatin Nitmah 00000644

Nresnani Jawa

Jawa kuwi lemah leluhur
Anggadhahi budaya ingkang luwes
Budaya ingkang becik mring manungsa
Kita sedaya kudu nresnani Jawa

Jawa kuwi tetep ning atiku
Karep mbangun Jawa
Supaya Jawa tansah unggul
Supaya Jawa makmur lan tentrem

161