Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/178

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

Jalaran anggaweé lali anggonku ngalamun
Bilih kabudayanku wiwit sirna
Kageser marang kabudayan liya
Duh Gusti...
Datan kudu lunga saka kéné
Amba kang kudu nerusaké
Supaya kebudayanku
Supaya kebudayan Jawa
Kabudayan kang éndah uga akéh
Tetep lestari ing bumi pertiwi
Kabudayan kang éndah
Kabudayan bumiku Jawa Tengah


226. Panggurit: Cinta Nurkhasanah 00000411

Ragamé Jawi Tengah

Jawa Tengah
Papan éndah budayané
Endah...ragam basané
Tanah Jawi iku suwarganing dunya
Rukun uripé
Kabeh bebarengan mbangun désa
Ora nduwéni owahan
Dadi siji budayané..ayo padha nguri-uri Jawi Tengah!
Jembar-jembar kalangané.
Kutha-kutha padhang rembulané
Tanah Jawi, tanah misuwur
Subur tandhuré, banjir segarané, dhuwur gunungé.
Aku tresna tanah iki!
Kabéh tresna Jawi Tengah!
 Ibarat rembulaning Gusti
 Tanah Jawi dadi banggaan

156