Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/177

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologt Puisi Jawa

Aku sing wis owah
Apa kuthaku sing béda
Apa ilatku wis ora bener

Kasunyatan kuwi pancén ora salah
Alas lan segara wis karusak
Dalan lan papan wis karombak
Jajan sing asli wis kacampur zat kimia

Terus aku kepriyé ..
Aku kudu bisa ngatasi kabéh
Supaya tanah Jawi iki lestari
Enda lan adi


225. Panggurit: Lia Fitri Ariani 00000235

Bantalaning Bumi Pertiwi

Sumribit angin ngelus langit isuk
Anglinthing bareng dara kang anyuwara
Anyuwara kang peret beton
Klular-klulur aning bantala
Bantalaning bumi sing uga tak anggoni
Bantalaning jagad anggonku lumaksana
Ana ing kéné amba lair
Ana ing kéné amba angliwati bungah susah
Uga anggonku surud mbesuk
 Sudama kang gumebyar aning gegana
 Tetuwuhan kang terik subur
 Tansah ngawé-awé disapu bayu ndalu
Anggawé bungahing kalbu

Jalaran......

155