Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/179

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

Sugih ! subur! Ngrembaka!
Ora ana sing ngalahake ing dunya iki
Tanah Jawi, tanah Indonésia !


227. Panggurit: Siti Nur Qoidah 00000659

Kisah Tresnaku Ing Jawa Tengah

Angrangu sinambi jumangkah
Ing dalan kang peteng kebak sandungan
Lintang-lintang cumlorot abyor
Ing tawang nalika alihan
 Ngélingaké nalika aku lan sliramu sesandingan
 Madhep mantep kanti karep urip bebrayan....0
 Nanging, kabéh uwis muspra.....0
 Jalaran sliramu medhot tresna
Merga kutha liya..........
Nimas kusumaning ati.......
Muga Gusti paring kabagyan
Marang sliramu.........


228. Panggurit: Atika L. Putri 00000648

Tresnaku Jawa Tengah

Ing papan sarwa salju,
Aku ngangen-angen lawang gubug
Binuka ana bedhiyang lan lincak
Nangis wis kebacut dadi salju
Guritan apadéné kekarepan

Nglinthing ...

157