Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/176

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


223. Panggurit: Khoirun Nisak 00000425

Katresnanku marang Kabudayan Jawa Tengah

Budaya sing werna-werni
Budi luhur, sopan santun, lan unggah-ungguh basa
Gawé tentreming bangsa
Tresnaku marang Jawa Tengah
Ora bakal aku nglaléni
Sawah-sawah panggarapé para petani
Gunung-gunung....
Laut-laut ing segara...
Kabeh iku keajaibaning Maha Ingkang Agung
Aku kangen kesenian Jawa Tengah
Angin ing laut gawé tentreming urip
Jawa Tengah...
Akéh tentremé lan akéh budayané
Adoh saka tawuran...
Akeh tentrem gawé ati ayem
Jawa Tengah...
Aku tresna marang Jawa Tengah


224. Panggurit: Sri Eko Puji Astuti 00000415

Jaréné...

Jaréné kuthaku tentrem lan rahayu
Lan nir sambikala
Nanging punapa aku ora bisa ngrasakakeé?
Jaréné kuthaku Ifo royo-royo lan resik
Nanging, kenapa aku ora bisa ngenyam?
Jaréné kabéh panganan ing kéné énak
Kenapa ilatku ora bisa ngecap

154