Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/169

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

Mahasiswa ora tau sinau
Dadiné ora mau tau
Dosén sregep absén,
Dadiné padha sambén
Sambén mulang, sambén dhagang
Sambén nggawé alangan
Jaré kanca-kanca nggawé alangan kanggo mahasiswa
 Bédané mahasiswa lan dosén
 Mahasiswa panggoné luput
Dosén panggoné bener
Aku ora ngerti
Endi sing bener
Mahasiwa apa dosén?
Mahasiswa? mesthiné.....
Dosén? Apa iva?
Kabéh ora ana sing ngerti
Kajaba....
MAHASIWA LAN DOSÉN DHÉWÉ


214. Panggurit: Adip Wastoro 00000402

Kembang Kanthilku Jawa Tengahku

Kembang kanthil kumanthil nang ati
Arum wangi, putih suci
Ku mendem ing ati nganti tumekaning pati
Kanthil putih arum wangi ing wayah wengi, aku sepi...
Kembang kanthil suci
Lair tanpa ciri nganti tumekaning dina iki
Ora ana sing luwih wangi ning ati iki
Ora ana liya ......yo mung kowé kanthil suci
Kanthil wangi

Kembang .....

147